Selasa, 24 Maret 2009

WOLAK-WALIKE JAMAN

WOLAK-WALIKE JAMAN

Aku isih kelingan, nalika semana yen arep lelungan saka Jakarta menyang Bandung ing mangsa liburan utawa ing dina-dina liburan, luwih seneng numpak sepur Parahyangan saka stasiun Gambir, lan suwalike, amarga nginggati jalur Puncak sing wis kawentar mesti macete ing mangsa-mangsa kasebut. Yen kepeksane nggawa kendaraan dhewe, luwih seneng ngliwati Cikampek-Purwakarta-Plered-Padalarang, utawa Bogor-Ciawi-Sukabumi-Cianjur.

Numpak kereta Parahyangan uga ora gampang, amarga kudu antri utawa pesen ndisik. Yen ora ngono mesti bakal ora oleh tiket.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar