Minggu, 08 Maret 2009

Ngangsu Kawruh (1)


NGANGSU KAWRUH (1)

Salak Pondoh


Apa sebabe dijenengake : Salak Pondoh

Ngomong babagan salak, pikiranku mesti nggrambyang nganti 4 (patang) perkara. Sepisan mesthi tumuju marang sawijining woh kang gedhene sak kepelan tangan, nduweni kulit coklat utawa rada ireng nanging awujud utawa nduweni sisik kaya ula. Mula yen kasebut ing Bahasa Inggris salak sering banget kasebut “snake fruit”. Kapindho, aku meski kelingan jenengi gunung ing tlatah sacedake kutha Bogor, Jawa Barat kang kasebut Gunung Salak. Katelu aku kelingan sawijining hotel mawa lintang (hotel berbintang) ing tengah-tengahe kutha Bogor, pase ing salah sawijining dalan protokol ing kutha Bogor, kang nduwe jeneng Hotel Salak. Aku kelingan hotel mau merga wis nate nginep ana ing hotel kasebut. Kaping pate aku kelingan swarane asu kang lagi mbaung, mesti istilah salak kanggo asu mau sawijining ukara ing Bahasa Indonesia (catetan : maksude “salak anjing”).

Ing tulisan iki aku mung arep nulis babagan salak kang awujud woh sak kepelan tangan sing kulite coklat utawa ireng lan awujud kulit nduweni sisik. Woh kang cukup kawentar kang mbokmenawa wae didemeni dening para sutresna blog iki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar