Minggu, 08 Maret 2009

Purwakaning atur saka : http://pendhapa-ratmaya.blogspot.com

Purwakaning atur saka :

http://pendhapa-ratmaya.blogspot.com

Katulis dening : Ratmaya Urip

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Para sutresna lan pandemen blog kang kinurmatan lan tak tresnani,

Nalika nduwe krenteg arep mbukak blog sing nganggo basa Jawa, terus terang wae aku rada kangelan nalika arep nentokake jenenge blog. Sebab tak pikir, jeneng blog kuwi kudu bisa menehi kekuatan linuwih sing bisa nggawa tekad supaya blog bisa langgeng uripe lan akeh para sutresna sing seneng, saengga pada nggabung lan mbiyantu kanti iklas tanpa rasa kepeksa, syukur gelem mbantu ngisi blog iki. Saliyane kuwi, jeneng blog kudu bisa nggambarake lan nggawa visi lan misi-ne blog, yaiku dadi papane para sutresna yen kepengin ngangsu kawruh kanti cara tukar ngelmu, tukar pengalaman, lan tukar pikiran. Blog iki uga digadang bisa dadi ajang kegiatan sosial, nambah kanca lan paseduluran, njembarake pikir, lan sing ora kari yaiku bisa nguri-uri budhaya Jawi.

Sesanti kang kapacak ana ing irah-irahane blog ing purwakaning pikir trusing ati lan uga terus terang wae aku wis mantep, katetepake kaya sesanti ing ngisor iki :

Tansah makarya sinambi ngangsu kawruh salaminipun gesang, amargi laku makarya lan laku ngelmu puniko anglanggengaken pasederekan lan anjembaraken kalangan lan wawasan. Punapa malih menawi saged migunani dumateng sesami lan tansah wonten marginipun Pangeran Ingkang Murbeng Dumadi.

Ananging merga panggonane ora cukup yen diisi sesanti kang dawa kaya katulis ing nduwur, mula terus dipaske karo panggonan sing sumadya. Dadine ing pungkasan katetepake sesanti :

Makarya sinambi ngangsu kawruh salaminipun gesang, kagem nglanggengaken pasederekan lan njembaraken kalangan lan wawasan.

Milih jeneng blog pancen ngawe bingung, sebab akeh banget bakal utawa calon jeneng blog sing kedaftar ana ing pikiran lan ati. Kabehe ana 17 calon jeneng blog. Ananging sauwise dipikir dawa lan mesti wae kanti pertimbangan kang jero, wusanane kepilih jeneng blog :

http://pendhapa-ratmaya.blogspot.com.

Dijenengake pendhapa ing pangajap blog iki duwe fungsi kaya dene pendhapa. Yen kita gatekake, sawijining omah kang bisa kasebut omah adat sing jangkep ing saindenging tlatah Jawa iku mesti ana kang kasebut pendhapa, pringgitan, gandhok, senthong, lan pawon, lan mesti wae kudu nduwe latar utawa plataran, kang ing padhang-mbulan akeh bocah-bocah kang padha dolanan, kaya ta cublak-cublak suweng, benthik, gobag sodor, jethungan, jamuran, ingkling, lan liya-liyane. Iku kabeh adhedasar omah adat jangkep ing jaman biyen.

Pendhapa iku nduwe fungsi sosial kang gedhe, amarga pendhapa kuwi bagian saka wisma kang ing purwa kudu ngadepi utawa bisa kanggo sembarang kalir, utawa nampa sakabehing kegiatan kang ana gegayutane utawa ana gandheng cenenge karo urusan tangga teparo, utawa urusan tlatah sing luwih jembar maneh kaya ta padhukuhan, kelurahan, lan liya-liyane. Pendhapa nduwe fungsi uga kanggo panggonan nampa tamu.

Malah jaman biyen, yen kang duwe pendhapa kuwi sawijining pangreh praja kaya ta lurah, camat, wedana, tumenggung, lan ratu, pendhapa uga duwe fungsi kanggo seba utawa jejer pisowanan agung utawa nampa upeti.

Pendhapa uga kanggo olah geguritan, olah pikir arupa ngrancang piye carane mbangun desa lan negara, ngrancang gotong royong, ngrancang pembagian banyu kanggo ngoncori sawah, ngrancang piye ngrantasi bebaya, lan liya-liyane.

Pendhapa uga bisa kanggo olah seni lan budaya, kaya ta pagelaran wayang kulit, wayang wong, macapat, uyon-uyon, geguritan, panembrama, lan liya-liyane (para sutresna mesthi isih kelingan tembang pangkur, dhandhang gula, kinanti, megatruh, durma, lan liya-liyane).

Kejaba iku pendhapa uga panggonan kanggo tukar ngelmu, kanggo mantu, lan liya-liyane. Wah, pokoke pendhapa iku multi fungsi. Lan fungsi kang paling akeh nyatane kanggo fungsi sosial, njembarake wawasan kanthi tukar ngelmu lan olah pikir sarta ngguyupake paseduluran. Iku kabeh mula bukane blog iki dijenengake pendhapa. Aku pancen nduwe pangajap yen blog iki bisa nduweni tugas kaya dene pendhapa.

Dene yen ana tambahan arupa embel-embel tambahan jeneng liya yaiku : ratmaya, iku mung kanggo tetenger yen sing nggawangi lan ngawaki blog iki jenenge ratmaya. Sing penting ya jeneng pendhapa iku mau.

Perlu kawiningana, yen saliyane blog iki, aku sadurunge uga mbukak blog liya kang tak wenehi jeneng http://ratmayaurip.blogspot.com. Sawijining blog kang nganggo pengantar Bahasa Indonesia. Mangga, yen para sutresna uga kersa mbukak blog kasebut. Mesti wae blog kang kasebut keri iki luwih lengkap isine, amarga luwih suwe anggone ngedegake.

Sabanjure perlu kawuningana, nalika arep nentokake basa Jawa endi sing dipilih, uga bingung. Apa basa Jawa ngoko, basa Jawa krama madya, utawa basa Jawa krama inggil. Sauwise mikir nganti pirang-pirang ndina, ing pungkasaning pikir sidane basa Jawa krama ngoko sing dipilih, supaya bisa luwih raket sedulurane lan luwih jembar kalangane, utamane para sutresna kang pada nggabung blog. Sebab aku khawatir yen akeh para sutresna kang ora pati mudheng basa krama madya utawa basa krama inggil, luwih-luwih para nom-noman. Ananging ora katutup yen para sutresna kepengin atur geguritan utawa atur tulisan nggunakake basa Jawa krama madya utawa basa Jawa krama inggil. Aku uga ing nembe kepengin nulis nganggo basa Jawa krama madya utawa basa Jawa krama inggil.

Muga-muga Pangeran Kang Murbeng Dumadi tansah maringi kanugrahan kang agung arupa hidayah, inayah, lan barokah kanggo kita sadaya.

Matur nuwun, lan salam taklim.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Ratmaya Urip

Tidak ada komentar:

Posting Komentar