Selasa, 24 Maret 2009

WOLAK-WALIKE JAMAN

WOLAK-WALIKE JAMAN

Aku isih kelingan, nalika semana yen arep lelungan saka Jakarta menyang Bandung ing mangsa liburan utawa ing dina-dina liburan, luwih seneng numpak sepur Parahyangan saka stasiun Gambir, lan suwalike, amarga nginggati jalur Puncak sing wis kawentar mesti macete ing mangsa-mangsa kasebut. Yen kepeksane nggawa kendaraan dhewe, luwih seneng ngliwati Cikampek-Purwakarta-Plered-Padalarang, utawa Bogor-Ciawi-Sukabumi-Cianjur.

Numpak kereta Parahyangan uga ora gampang, amarga kudu antri utawa pesen ndisik. Yen ora ngono mesti bakal ora oleh tiket.

JANGKRIK JLITHENG

JANGKRIK JLITHENG

Ora sengaja nalika aku mlaku-mlaku ana ing City of Tomorrow (Cito), aku kesasar ana ing kios cilik, kang dodolan buku. Mesti wae merga kiose cilik, aja dibayangake yen koleksine bisa lengkap kaya toko buku sing gedhe lan wis kawentar, kaya denetoko buku Gramedia, Gunung Agung, utawa Toga Mas.
Kiose njepit banget, lan yen ora mergo kesasar mbokmenawa wae aku ora bisa mangerteni yen ana kios buku ing Cito. Kios mau panggonane ora adoh saka pusate perkulakan utawa supermarket Hypermart.

(Disambung maneh sauwise tulisane lengkap)

Kamis, 12 Maret 2009

Terjemahan Basa Jawa (dijupuk saka milis indokarlmay@yahoogroups.com


Terjemahane ing Basa Jawa :

(Dening : Ratmaya Urip)


Old Shatterhand ora tau goroh! Howgh!


Yen nom-noman saiki padha gandrung-gandrung marang Harry Potter, jaman taun 50 nganti 60an biyen cah enom padha kepiyeng-piyeng marang paraga ciptane Karl May, yaiku Winnetou sarta Old Shatterhand. Najan yektine paraga ciptane May ora mung iku, awit bukune kang ditulis uga akeh, nanging jaman semana cah enom padha nyenengi Ketua Suku Apache mau, sarta mitra rakete kang pindha dulur, awit wis tau ijol-ijolan getih, Charley, kang ing tembe antuk julukan Old Shatterhand, tegese tangan kang ngremukake, saking atose kepelan utawa jotosane.


Mbokmanawa para maos uga isih eling, biyen Damar Jati tau macak crita remaja Indian kang paraga utamane nom-noman Indian aran Inn-nu-woh, kanthi irah-irahan "Kusir Kreta Kang Murang Tata" lan "Drama ing sungapane Mississippi".


Yen dijingglengi, yagene crita-critane Karl May mau akeh sing nyenengi,
awit watake kabeh paragane gampang dimangerteni sarta cetha. Kejaba ana
paraga kang culika, sesongaran, serakah, angkara, nanging paragaane kang
dadi pahlawan, hero, mesthi duwe watak menjilo: kendel, sinatriya, jujur lan setya ing janji, sarta mesthi trampil nggunakake senjata lan pinter gelut! Ing babagan senjata, wong Indian ora tansah nggunakake kapak (pecok) kang jamak diarani tomahawk.

Nganti saiki, isih akeh kang duwe kawigaten mirunggan marang budaya Indian. Malah PKMI (Paguyuban Karl May Indonesia) kang dipandhegani dening Pandu Ganesa, nganti saiki isih nguri-uri komunitase, para nom-noman lan kasepuhan. Nyatane para sutresnane Karl May kang jaman taun 60an biyen isih bocah, saiki wis padha dadi mbah-mbah.


Mula ora nggumunake yen Bentara Budaya, kejaba ngadani pameran foto karyane Edward S Curtis kanthi lisan panguripane wong Indian ing Amerika Lor, uga muter film-film Indian sawatara dina. Dene film kang diputer uga ana sawatara, malah ing antarane asile pasekuton karo PKMI.


Mesthi bae panulis ora kober nonton saben dina, nanging mung sawatra bae,
antara liya "Harta Karun di Danau Perak" sarta "The Last of the Mohican". Ing crita Harta Karun di Danau Perak cengkorongane crita apik banget, nanging sing wigati, kacihna, wong srakah marang banda donya iku umum banget, dadi ora bisa dicap etnis tinamtu sing srakah, nanging meh kabeh manungsa yektine kadunungan watak srakah. Mangkono uga para pawongan kangduwe darbe milik nguwasani bandha donya mau, direwangi tumindak degsiya lan culika. Nanging, kepriye liding dongenge, meh padha karo carane wong Indonesia nulis crita, becik ketitik ala ketara, sapa sing culika ing kono wahyune sirna. Mangkono uga ing Harta Karun di Danau Perak mau, paraga sing srakah sarta mentala merjaya kanca rowange, wusanane tiwas, awit saka polahe dhewe.


Ing Tle Last of the Mohican (suku Mohican sing wekasan), critane rada serem, awit ana paraga Indian kang males ukum marang The Grey Hair (rambut klawu utawa bule), sadurunge tiwas paraga sing njalari patine wong tuwane mau bakal dijupuk jantunge. Lan klakon tenen! Miris!


Salaras karo owah gingsire jaman, kacihna, kanoman Indonesia padha katrem
macam komik, wiwit saka Crayon Sincan sarta komik liyane kang kerep karan
manga (mangga). Mbokmanawa ya krana iku, nalika ana pameran Konde (Komik
Indonesia terbaik satu dekade), uga dicithak komik-komik lawas karyane
komikus Indonesia sing kawentar. Salah sijine, Si Buta Dari Goa Hantu,
karyane Ganesh Th.


Dene para sutresnane Karl May uga ora gelem keri. Tumrap sing ora tlaten
maca bukune, PKMI uga nyediyani komike. Gambare apik, critane ringkes. Najan yektine, tumrape para sutresna sastra, nikmate maca ora kaya maca buku!


(Yange Rama)


ooOoo

Salam taklim,

Ratmaya Urip


Re: [indokarlmay] tantangan untuk yang bisa Jawa

Tuesday, March 25, 2008 1:47 AM

From:

============ ===

Add sender to Contacts

To: indokarlmay@yahoogroups.com

--- On Tue, 3/18/08, Pandu Ganesa <gono@dnet.net. id> wrote:

From: Pandu Ganesa <gono@dnet.net. id>

Subject: [indokarlmay] tantangan untuk yang bisa Jawa

To: indokarlmay@ yahoogroups. com

Date: Tuesday, March 18, 2008, 12:19 AM


Ketika Sujiwo Tejo mengeluarkan album berbahasa Jawa, banyak orang Jawa yang terkaing-kaing nggak ngerti artinya, karena itu bahasa Jawa sastra yang memang dipakai untuk keperluan sastra. Maklum Sujiwo Tejo itu biar mantan ITB tadpi juga hobby mendalang.


Nah ini ada lagi artikel berbahasa Jawa, yang dimuat di majalah Darmajari
baru-baru ini. Majalah Damarjati ini satu-satunya majalah Indonesia yang
dimuat covernya di suatu buku terbitan Jerman, maklum ada KM nya :-)


Ini ada tantangan. Bagi yang sanggup menerjemahkan artikel ini ke dalam
bahasa Indonesia dengan baik dan benar (ingat, jurinya langsung dari kerajaan Mataram dan Majapahit) maka akan diberi hadiah buku KM yang pertama
kali terbit setelah ini.


ogh

Old Shatterhand tidak pernah bohong! Howgh!


Kalau anak-anak muda saat ini tergila-gila pada Harry Potter, zaman tahun 1950 sampai dengan 1960 dulu para muda terpesona pada sosok ciptaan Karl May, yaitu Winnetou serta Old Shatterhand. Meskipun sebenarnya sosok ciptaan May tidak hanya itu, sebab buku yang ditulisnya juga banyak, namun saat itu anak muda pada mengagumi Ketua Suku Apache tersebut, serta sahabat dekatnya yang sudah seperti saudara, sebab sudah pernah bertukar darah, Charley, yang di waktu kemudian mendapat julukan Old Shatterhand, yang artinya tangan yang meremukkan, karena terlalu kerasnya kepalan atau pukulannya.


Barangkali para pembaca juga masih ingat, dulu Damar Jati pernah membaca cerita remaja Indian yang pemeran utamanya adalah anak muda Indian yang bernama Inn-nu-woh, yang berjudul “Kusir Kereta yang Tidak Sopan” dan “Drama di Muara Mississippi.”

Jika dicermati, kenapa cerita-cerita Karl May tersebut banyak yang menyukai, sebab sifat para pelaku utamanya mudah dimengerti dan jelas. Selain ada pemeran yang antagonis, dengki, sombong, serakah, angkara, pemeran yang jadi pahlawan, hero, harus memiliki watak yang menonjol : berani, ksatria, jujur, dan teguh memegang janji, serta harus terampil mempergunakan senjata dan pintar berkelahi!
Tentang senjata, orang Indian tidak selalu menggunakan kapak yang sering disebut sebagai tomahawk.


Sampai sekarang masih banyak yang menaruh perhatian yang lebih terhadap budaya Indian. Malahan PKMI (Paguyuban Karl May Indonesia) yang dipimpin oleh Pandu Ganesa, sampai sekarang masih memelihara komunitasnya, yang beranggotakan para muda dan para tetua. Kenyataannya para penggemar Karl May ketika zaman tahun 60-an dulu masih anak-anak, sekarang sudah menjadi kakek-nenek.


Maka tidaklah mengherankan jika Bentara Budaya, di samping menyelenggarakan pameran foto karya Edward S Curtis tentang kehidupan orang Indian di Amerika Utara, juga memutar film-film Indian selama beberapa hari. Ada beberapa film yang diputar, malah ada beberapa di antaranya yang merupakan kolaborasi dengan PKMI.

Tentu saja penulis tidak sempat nonton tiap hari, hanya beberapa saja, antara lain “Harta Karun di Danau Perak” serta “The Last of the Mohican”. Dalam cerita Harta Karun di Danau Perak jalan dan alur ceritanya bagus sekali, tetapi yang utama, menunjukkan bahwa orang yang serakah akan harta dunia itu umum sekali, jadi tidak bisa dicap etnis tertentu yang serakah, tetapi hampir seluruh manusia sebenarnya ketempatan watak serakah. Demikian juga para pemangku, yang memiliki dan menguasai harta dunia tersebut bertindak semaunya, seenak perutnya sendiri dan berprasangka jelek. Tetapi bagaimana akhir ceritanya, hampir sama dengan orang Indonesia menulis cerita, yang baik akan terdeteksi, yang jelek akan kelihatan, siapa yang berprasangka buruk di situ wahyunya akan hilang. Begitu juga dalam Harta Karun di Danau Perak tersebut, pemeran yang serakah serta tega membunuh teman sendiri, akhirnya tewas akibat tingkahnya sendiri.


Dalam The Last of The Mohican (Suku Mohican yang Terakhir), ceritanya agak seram, sebab ada pemeran Indian yang balas dendam kepada The Grey Hair (Si Rambut Abu-abu atau Bule) , sebelum tewas pelaku yang menyebabkan meninggalnya orang tuanya tersebut bakal diambil jantungnya. Dan itu menjadi kenyataan! Memilukan sekaligus mengerikan dan mendebarkan!


Selaras dengan perubahan jaman, ternyata para muda Indonesia gemar membaca komik, mulai dari Crayon Sincan serta komik lainnya yang sering dinamakan manga (?). Barangkali karena itulah ketika ada pameran Konde (Komik Indonesia Terbaik Satu Dekade), juga dicetak komik-komik lama karya komikus Indonesia yang terkenal. Salah satunya, Si Buta dari Goa Hantu karya Ganesh TH.


Sementara para penggemar Karl May juga tidak mau ketinggalan. Khusus yang tidak telaten membaca bukunya, PKMI juga menyediakan komiknya. Gambarnya bagus, ceritanya ringkas. Meskipun sebenarnya khusus para penggemar dan pemerhati sastra, nikmatnya membaca (komik), tidak seperti membaca buku!


(Yange Rama)

ooOoo


Minggu, 08 Maret 2009

Ngangsu Kawruh (1)


NGANGSU KAWRUH (1)

Salak Pondoh


Apa sebabe dijenengake : Salak Pondoh

Ngomong babagan salak, pikiranku mesti nggrambyang nganti 4 (patang) perkara. Sepisan mesthi tumuju marang sawijining woh kang gedhene sak kepelan tangan, nduweni kulit coklat utawa rada ireng nanging awujud utawa nduweni sisik kaya ula. Mula yen kasebut ing Bahasa Inggris salak sering banget kasebut “snake fruit”. Kapindho, aku meski kelingan jenengi gunung ing tlatah sacedake kutha Bogor, Jawa Barat kang kasebut Gunung Salak. Katelu aku kelingan sawijining hotel mawa lintang (hotel berbintang) ing tengah-tengahe kutha Bogor, pase ing salah sawijining dalan protokol ing kutha Bogor, kang nduwe jeneng Hotel Salak. Aku kelingan hotel mau merga wis nate nginep ana ing hotel kasebut. Kaping pate aku kelingan swarane asu kang lagi mbaung, mesti istilah salak kanggo asu mau sawijining ukara ing Bahasa Indonesia (catetan : maksude “salak anjing”).

Ing tulisan iki aku mung arep nulis babagan salak kang awujud woh sak kepelan tangan sing kulite coklat utawa ireng lan awujud kulit nduweni sisik. Woh kang cukup kawentar kang mbokmenawa wae didemeni dening para sutresna blog iki.

Purwakaning atur saka : http://pendhapa-ratmaya.blogspot.com

Purwakaning atur saka :

http://pendhapa-ratmaya.blogspot.com

Katulis dening : Ratmaya Urip

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Para sutresna lan pandemen blog kang kinurmatan lan tak tresnani,

Nalika nduwe krenteg arep mbukak blog sing nganggo basa Jawa, terus terang wae aku rada kangelan nalika arep nentokake jenenge blog. Sebab tak pikir, jeneng blog kuwi kudu bisa menehi kekuatan linuwih sing bisa nggawa tekad supaya blog bisa langgeng uripe lan akeh para sutresna sing seneng, saengga pada nggabung lan mbiyantu kanti iklas tanpa rasa kepeksa, syukur gelem mbantu ngisi blog iki. Saliyane kuwi, jeneng blog kudu bisa nggambarake lan nggawa visi lan misi-ne blog, yaiku dadi papane para sutresna yen kepengin ngangsu kawruh kanti cara tukar ngelmu, tukar pengalaman, lan tukar pikiran. Blog iki uga digadang bisa dadi ajang kegiatan sosial, nambah kanca lan paseduluran, njembarake pikir, lan sing ora kari yaiku bisa nguri-uri budhaya Jawi.

Sesanti kang kapacak ana ing irah-irahane blog ing purwakaning pikir trusing ati lan uga terus terang wae aku wis mantep, katetepake kaya sesanti ing ngisor iki :

Tansah makarya sinambi ngangsu kawruh salaminipun gesang, amargi laku makarya lan laku ngelmu puniko anglanggengaken pasederekan lan anjembaraken kalangan lan wawasan. Punapa malih menawi saged migunani dumateng sesami lan tansah wonten marginipun Pangeran Ingkang Murbeng Dumadi.

Ananging merga panggonane ora cukup yen diisi sesanti kang dawa kaya katulis ing nduwur, mula terus dipaske karo panggonan sing sumadya. Dadine ing pungkasan katetepake sesanti :

Makarya sinambi ngangsu kawruh salaminipun gesang, kagem nglanggengaken pasederekan lan njembaraken kalangan lan wawasan.

Milih jeneng blog pancen ngawe bingung, sebab akeh banget bakal utawa calon jeneng blog sing kedaftar ana ing pikiran lan ati. Kabehe ana 17 calon jeneng blog. Ananging sauwise dipikir dawa lan mesti wae kanti pertimbangan kang jero, wusanane kepilih jeneng blog :

http://pendhapa-ratmaya.blogspot.com.

Dijenengake pendhapa ing pangajap blog iki duwe fungsi kaya dene pendhapa. Yen kita gatekake, sawijining omah kang bisa kasebut omah adat sing jangkep ing saindenging tlatah Jawa iku mesti ana kang kasebut pendhapa, pringgitan, gandhok, senthong, lan pawon, lan mesti wae kudu nduwe latar utawa plataran, kang ing padhang-mbulan akeh bocah-bocah kang padha dolanan, kaya ta cublak-cublak suweng, benthik, gobag sodor, jethungan, jamuran, ingkling, lan liya-liyane. Iku kabeh adhedasar omah adat jangkep ing jaman biyen.

Pendhapa iku nduwe fungsi sosial kang gedhe, amarga pendhapa kuwi bagian saka wisma kang ing purwa kudu ngadepi utawa bisa kanggo sembarang kalir, utawa nampa sakabehing kegiatan kang ana gegayutane utawa ana gandheng cenenge karo urusan tangga teparo, utawa urusan tlatah sing luwih jembar maneh kaya ta padhukuhan, kelurahan, lan liya-liyane. Pendhapa nduwe fungsi uga kanggo panggonan nampa tamu.

Malah jaman biyen, yen kang duwe pendhapa kuwi sawijining pangreh praja kaya ta lurah, camat, wedana, tumenggung, lan ratu, pendhapa uga duwe fungsi kanggo seba utawa jejer pisowanan agung utawa nampa upeti.

Pendhapa uga kanggo olah geguritan, olah pikir arupa ngrancang piye carane mbangun desa lan negara, ngrancang gotong royong, ngrancang pembagian banyu kanggo ngoncori sawah, ngrancang piye ngrantasi bebaya, lan liya-liyane.

Pendhapa uga bisa kanggo olah seni lan budaya, kaya ta pagelaran wayang kulit, wayang wong, macapat, uyon-uyon, geguritan, panembrama, lan liya-liyane (para sutresna mesthi isih kelingan tembang pangkur, dhandhang gula, kinanti, megatruh, durma, lan liya-liyane).

Kejaba iku pendhapa uga panggonan kanggo tukar ngelmu, kanggo mantu, lan liya-liyane. Wah, pokoke pendhapa iku multi fungsi. Lan fungsi kang paling akeh nyatane kanggo fungsi sosial, njembarake wawasan kanthi tukar ngelmu lan olah pikir sarta ngguyupake paseduluran. Iku kabeh mula bukane blog iki dijenengake pendhapa. Aku pancen nduwe pangajap yen blog iki bisa nduweni tugas kaya dene pendhapa.

Dene yen ana tambahan arupa embel-embel tambahan jeneng liya yaiku : ratmaya, iku mung kanggo tetenger yen sing nggawangi lan ngawaki blog iki jenenge ratmaya. Sing penting ya jeneng pendhapa iku mau.

Perlu kawiningana, yen saliyane blog iki, aku sadurunge uga mbukak blog liya kang tak wenehi jeneng http://ratmayaurip.blogspot.com. Sawijining blog kang nganggo pengantar Bahasa Indonesia. Mangga, yen para sutresna uga kersa mbukak blog kasebut. Mesti wae blog kang kasebut keri iki luwih lengkap isine, amarga luwih suwe anggone ngedegake.

Sabanjure perlu kawuningana, nalika arep nentokake basa Jawa endi sing dipilih, uga bingung. Apa basa Jawa ngoko, basa Jawa krama madya, utawa basa Jawa krama inggil. Sauwise mikir nganti pirang-pirang ndina, ing pungkasaning pikir sidane basa Jawa krama ngoko sing dipilih, supaya bisa luwih raket sedulurane lan luwih jembar kalangane, utamane para sutresna kang pada nggabung blog. Sebab aku khawatir yen akeh para sutresna kang ora pati mudheng basa krama madya utawa basa krama inggil, luwih-luwih para nom-noman. Ananging ora katutup yen para sutresna kepengin atur geguritan utawa atur tulisan nggunakake basa Jawa krama madya utawa basa Jawa krama inggil. Aku uga ing nembe kepengin nulis nganggo basa Jawa krama madya utawa basa Jawa krama inggil.

Muga-muga Pangeran Kang Murbeng Dumadi tansah maringi kanugrahan kang agung arupa hidayah, inayah, lan barokah kanggo kita sadaya.

Matur nuwun, lan salam taklim.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Ratmaya Urip