Sabtu, 24 Desember 2011

Geguritan, Mangayubagya Rina Kanggo Biyung


Biyung,


Ing garbamu aku nate ngrasakake angeting katresnanmu

Uga ademing panggulawentahmu

Kang tanpa upama nglejarake langkahku tumuju ing karaharjan tanpa ninggalake paugeran lan kasusilan

Ing waspamu kang nyimpen luhuring bebana aku kaajap bisa dadi jalma kang utama

Aku kapang, Biyung

Marang pangajapmu kang ora nate kendat paring pandonga kanggo jembar lan lancare langkah-langkahku

Sidoarjo, 22 Desember 2011

Tidak ada komentar:

Posting Komentar