Sabtu, 16 Februari 2013

KAPAN PARA DURJANA KUWI BISA SIRNA


KAPAN PARA DURJANA KUWI BISA SIRNA
Geguritan Gendheng dening: Ratmaya Urip*)

Pertiwi nandang sungkawa
nDeleng polah tingkahe para durjana
Kang nganggo topeng panguasa
Tansah ngrampok donyaning negara
Tanpa kendhat nglanggengake tindak angkara
nDeder kesrakate lan wirange bangsa

GERIMIS LINGSIR WENGI


GERIMIS LINGSIR WENGI
Geguritan: Ratmaya Urip

Nyenyeting wengi lan ademing pawana kang rumasuk ing jaja
Uga udan gerimis kang tan ana kendate ngileni bantala
Ngundang gerimise waspa
Kang tumetes mbleber ing netra
Bukti yen ati iki ora bisa ngapusi
Yen tanpa sliramu ing sisihanku iki
Kabeh kebak rasa sepi
Mijilake prasasti duk ing nguni
Tanpa bisa kalarung malah tansah ngebaki punagi

Jumat, 15 Februari 2013

KAMPUS BIRU


KAMPUS BIRU
Geguritan: Ratmaya Urip*)

Lumaku ing Boulevard-mu
In selaning cemara kang jejer pideksa senadyan wus ngandut yuswa
Ing ademing suket ijo royo-royo mangsa rendeng iki
Angenku mabur ing mangsa kang wis lunga
Menclok ing esemmu
Kang tansah lumayu kebak purnama
Mlayoni jejering tresna

Godhong cemara garing
Kang mabur katerak bayu
Lan tanpa kinira tedhak ing netramu
Lan aku mesti ndamu supaya lejar ing paningalmu
Senajan mijilake waspamu
Tansah gamblang ngebaki punagi
Rina lan wengi
Tan kendhat tansah memayu hayuning tresna
Tresna purwaka kang mijil ing tlatah Kampus Biru
=============
Tebet Raya, Lingsir Wengi, Sabtu, 16-02-2013 02:00

KAPANG (Kangen)


KAPANG (Kangen) 

Lingsir wengi 
Netra iki tan bisa kuwagang kasirep ing pawana
Uga tan ilang amarga nyenyeting bawana
Apa maneh sunaring candra lagi wae purwaka
Malah saka telenging netra ndhedher waspa
Amarga blegermu angel sirna
Tansah mijil ing angenku
Nandur esem ngujuwatmu
Kapang mring tresnamu kang nate ngrembuyung ngebaki jaja
Apa ya kapangku iki kapangmu uga?
=============
Tebet Raya, lingsir wengi Sabtu, 16-02-2013 01:38